Plesetan Jawa


PLESETAN iku panganggone tembung-tembung kang diplesetake. Tembung-tembung kang diplesetake iku digawe geseh pakecapan sarta surasane. Upamane tembung rombongan diplesetake dadi rombengan, tembung menthung diplesetake dadi mlenthung, tembung seneng diplesetake dadi seneb. Ketua rombongan diplesetake dadi ketua rombengan, tim perumus dadi tim penjerumus, tim penguji diplesetake dadi tim pemungli lan sapanunggalane.

Sing diplesetake iku ana sing awujud paribasan, upamane Nulung menthung dadi Ditulung malah mlenthung; Witing tresna jalaran saka kulina diplesetake dadi Witing tresna jalaran saka kuliyah utawa Witing tresna jalaran liyane ora ana; Wani ngalah luhur wekasane dadi Wani ngalah dadi kalah-kalahan wekasane.Tembung sing diplesetake karo plesetane loro-lorone tarkadhang disebutake, upamane: ”Lha kono seneng, aku sing seneb; kono renes, kene sing ngenes; kono sing untung, kene sing buntung; ora mbantu malah mbantai”.Unen-unen kaya ”Sepi ing pamrih rame ing gawe” diwalik dadi ”Rame ing pamrih sepi ing gawe”; ”Ora waton omong, nanging omong sing waton”. Pitutur luhur uga sok diplesetake, upamane ”Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngalahake”, diterusake jajan tanpa mbayar.

Plesetan liyane upamane: Ora handarbeni kok melu hangrungkebi; Tut wuri Handayani (Apa Handayani kuwi ayu ta?).Sing diplesetake iku ora mung tembung basa Jawa utawa Indonesia, nanging uga tembung saka basa Inggris, contone: Suk yen pemilihan kepala daerah kowe milih calon sing incumbent apa calon anyar? Wangsulane, ”Ora, aku seneng sing in kemben (ing sajroning kemben) wae.”Tujuwane plesetan iku ana kang minangka kritik sosial, ngenyek utawa ngece, lan geguyon. Geguyon mau tarkadhang sok nyrempet-nyrempet bab sing ”porno”. Upama: Ayahane wong wadon iku rak nglempengake barang sing bengkok, emane sawise lempeng kok terus dibengkak-bengkokake.

Tembung nglempengake/meluruskan sing adate ora wantah iku digawe wantah.Tarkadhang ana jeneng sing diplesetake, contone kaya lelucon ing ngisor iki. Amin takon marang Aman: ”Man, kowe kok ora gelem dirabekake karo Rukmini sing ayu kae?” Wangsulane Aman: ”Ah, aku emoh rukmini, sing takgoleki sing maxi.”Plesetan-plesetan iku ana kang awujud parodi, yaiku lelagon utawa puisi sing ing kana-kene tembunge diganti utawa diowahi, saengga surasane wis nyimpang karo surasa asline.

Tembung-tembung ing Sumpah Pemuda tau diplesetake. Lagu kebangsaan Indonesia Raya ing Malaysia kabare tembung-tembunge uga diganti, diplesetake sing surasane isi pangina marang Indonesia. Ing puisi mbeling ”Syahadat” sing sifate religius lan suci iku uga diplesetake utawa ditulis parodine. Parodi mau unine: ”Aku bersaksi: tak ada pangeran yang naik kuda kecuali Pangeran Diponegoro, dan tak ada Mohammad yang jago tinju kecuali Muhammad Ali.”Plesetan iku isi kritik sosial lan geguyon. Guyon-guyon mau sok keladuk, bab-bab sing kudune diurmati digawe nyek-nyekan. Guyon-guyon mau uga keladuk olehe nyrempet-nyrempet bab-bab kang lekoh utawa ”porno”.

SMcyber.


One thought on “Plesetan Jawa

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s